04 Maret 2008

Corteous Language


Ngendikan ngagem basa krama alus kaliyan piyantun sepuh rumaos kula langkung sae. Sawanci kula wangsul saking Jakarta sesarengan kaliyan piyantun putri sawatawis yuswanipun sami kaliyan Ibu kula, kula rumaosaken ngendikan ngagem krama langkung mriyayeni lan ndadosaken tiyang enggal percados dateng kula. Sawatawis wekdal Ibu ingkang pinarak wonten kursi caket kula ketawis mboten rumaos sekeca, mbokbilih rumaos wonten gali ingkang bade lenggah sesarengan kagem sawatawis sedasa jam. Nanging sak sampunipun kula miwiti ngendikan ngagem basa krama ketawisipun ndadosaken piyantun putri legawa, lan purun crios ngenani kulawarga dalasan putra-putrinipun. Wanci kula nyuwun priksa ngenani putra-putrinipun, piyambakipun ngendikan bilih putranipun putri sedaya lan sampun krama sedaya. Wonten ing manah kula namung ngendikan dateng badan kula piyambak, nasib. Piyambakipun ngendikan ngenani putra mantu ingkang kedah nyambut damel bidal saking griyanipun wanci enjing umun-umun, lan kedah wangsul wanci dalu jalaran margi Jakarta ingkang macet. Kula namung inggah-inggih kemawon, lha wong pancen mekaten wontenipun.

Nanging ngendikan ngagem krama menika kok nggih mboten sekeca, awrat sanget tumrap lare enem kados kula menika. Kedah mikir wonten ing sawatawis wekdal menawi badhe ngendikan.

It takes longer time to write on this (faulty)corteous language than in (faulty)barbaric english.

Tidak ada komentar: